Pages

Labels

Selasa, 10 Mei 2011

nGamEn ((2)) " Eny Sagita "

mak iki anak mu perawan
wiwit cilik ono ing perantauan
melu ngewangi ning kantin sekolahan
telung sasi mak aku urung bayaran

mak dongamu mandi tenan
di ijabahi marang gusti pangeran
koyo ngene rasane wong ora duwe
duwe pisan di ece karo kancane


eling eling menungso bakale mati
yen wes mati di kubur sanak famili
di pendem jero, di apit bumi

ono kubur iku akeh pendoso
ulo klabang kolojengking podo moro
ono setan memboh2 dadi prawan
beno krasan ning ono kuburan..

ning akherat ora ono motor lewat
ning akherat ora ono sego berkat
ning akherat ora ono mejo bilyard
onone godone malaekat

sak sugih sugihe uwong
mesti ono mlarate
sak mlarat mlarate uwong
mesti ono celengane

mangkane golek bojo ojo mandang rupo
rupo elek kuwi yo ora dadi ngopo
makane golek bojo ojo mandang bondo
ning penting ora ngenteni warisan morotuwo

kowe pancen keren le,,,
koyo bekas pacarku biyen
eman eman tenan
kerenmu mung kanggo obralan

ngobral ngobral janji le,,
durung mesti uripmu mulyo
mulo aku wis kondo
melu pak'ku urip neng ndeso
ngiwangi nggawe boto
menek klopo ceblok bongko

Tidak ada komentar:

Posting Komentar